Basa Jawa Prinsip-prinsip Penulisan Laporan

bakune palaporan mujudake piranti komunikasi uga. supaya bisa digunakake minangka piranti komunikasi kang efektif, sawijine palaporan kudu ngebaki syarat-syarat kang kaya ing ngisor iki!
a. Jangkep
Tegese, data lan fakta kang ana sajrone laporan kudu jangkep
 b. Cetha
sawijine laporan sinebut cetha manawa paparan sajrone laporan ora menehi kalodhangan ditafsirake secara beda dening sakehing pamaos. iki bisa digayuh manawa basa kang digunakake bener lan komunikatif
c. Bener / akurat
data lan fakta kang luput bisa nenuntun pamaos gawe sawijine keputusan kang luput uga. dadi bener lan akurating isi laporan banget diperolekake
d. Sistematis
laporan kudune tumata, saengga gampang diwaca lan dipahami dening pamaos. laporan kang sistematis uga nyengkuyung unsur gamblange apa-apa kang wis ciniptakake dening unsur-unsur basa
e. Objektif 
 penulisan laporan ora nglebokake selera pribadi menyang jero laporane. pelapor kudu  asikap netral nganggo ukuran umum sajrone mbiji sawijine babagan kasebut
f. Tepat waktu
trepe waktu laporan (laporan mligi0 mutlak diperlokake, krana telate laporan bisa ngakibatake telate anggone gawe keputusan

Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Qurdits kandungan surat Al-qariah dan Az-zalzalah dalam kehidupan sehari-hari

Qurdits Keterkaitan Kandungan Hadis-hadis Tentang Menjaga Kelestarian Alam